Obral!

Memetri Basa Jawi

Harga aslinya adalah: Rp105.000.Harga saat ini adalah: Rp95.000.

Kategori:

Deskripsi

Heru Legowo seneng nulis apa waé sing dadi nyedhot wigati lan pikirané, utamané babagan perkara sing ora biasa. Ing sak tengahing makarya, dhéwèké njupuk wektu kanggo nulis apa waé pengalamané sing ora biasa. Uga apa waé babagan sing marahi mikir lan nggolék pangertèn anyar. Kajaba iku, coba nulis, apa waé idé lan pikirané. Dhéwèké rumangsa apa sing dideleng, dialami lan dimangertèni uga bisa dimangertèni déning wong liya.

Buku iki saka kumpulan tulisan ana ing rubrik Srumuwus Kalawarti Djaka Lodang sajroning ing taun 2023. Ditulis bebarengan karo prastawa sing kedadéyan ana ing sadawané taun 2023. Amarga saka kuwi, buku ini mbanjur bisa dadi kaya kaléidoskop taun 2023.

Manéka warna prastawa sing wis liwat, dadi kena kanggo pangéling-éling lan uga bisa dienggo piwulang saka prastawa kang bisa dijupuk hikmahé, kanggo niti ing taun 2024 iki.

Pungkasaning atur, muga-muga buku kang prasaja iki bisa dadi bahan wacan, amarga wis arang tulisan sing ditulis nganggo basa Jawa.

Ing sawijining dina mengko, basa Jawa bakal langka. Generasi nom-noman wis ora akèh sing padha ngerti. Bab iki pancén nggawé prihatin. Nanging ya piyé manèh. Saya suwé, saya entèk sing isih duwé kekarepan nguri-uri basa Jawa.

Narasi sing cekak-aos lan kepara ora dawa ndadèkaké buku iki énthéng, nanging narik kawigatèn kanggo diwaca lan dimangerténi basa Jawa. Senajan gaya narasiné prasaja, pangripta buku ngupayakaké amrih nuduhaké réflèksi, kawicaksanan, lan piwulang penting. Iki dadi pangajab muga-muga bisa dijupuk mampangaté déning para pemaos. Pungkasanipun, mugamuga buku cilik iki bisa dadi banyu sing bisa ngilangaké rasa ngelak para pemaos basa Jawa.

Penulis: Ki Pandan Alas

Tebal buku : 218 halaman
Dimensi : 14 cm x 20 cm
Penerbit : CV. IAM Publishing
Kertas : Book Paper
Isi : Hitam Putih

Ulasan

Belum ada ulasan.

Jadilah yang pertama memberikan ulasan “Memetri Basa Jawi”

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *